SEJARAH SINGKAT ADEGING KALURAHAN MERTELU

Heri Cahyana 17 Mei 2024 07:36:54 WIB

Saderung jaman Negara Kesatuan Republik Indonesia (NKRI), pamarintah desa ngugemi Ordonansi Desa, saka Pamarintah Hindia Belanda yaiku Inlandse Gemeeten Ordonantie (IGO) Staatblad 1906 nomor 83, katitimangsan 03 Februari 1906. Isinipun pamarintah desa, nganggo sebutan (numenclatur) kalurahan, diakoni minangka Badan Hukum resmi. Kalurahan dipimpin dening lurah lan saprangkate kang kawastanan Pamong Desa. Peraturan iku di hurmati lan diterapake dening Kasultanan Ngayogyakarta, mula banjur dadi pancatan sejarah desa adeging kalurahan mertelu.

Sak teruse kang angka loro, Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat nerbitake Rijkblad nomor 12 tahun 1916, tanggal 17 Mei 1916, utawa tanggal kaping 14 wulan Rajab tahun 1846 Jawi. Paugeran iku dadi pathokan kangge Sejarah adeging kalurahan mertelu.

Kabupaten Gunungkidul kaperang dadi 3 (tiga) dhistrik (kepanjen), yaiku  Wonosari, Semanu lan Playen.

 

Kabupaten Gunungkidul minangka bagian saka Negari Kasultanan Ngayogyakarta dikepalai dening sawijining bupati, kanthi kuthapraja ing Wonosari, kaperang dados  169 Kalurahan :

  1. Kepanjen Wonosari 61 kalurahan
  2. Kepanjen Semanu 57 kalurahan
  3. Kepanjen Playen 51 kalurahan

Jumlah                 :    169 kalurahan.

 

Onderdhistrik iku dadi cikal-bakal 14 kapanewon ing Gunungkidul. kang sak banjure, Onderdhistrik Nglipar kang dipunreh dening asisten wedana, mbawahi 12 (ro las) kalurahan, yaiku:

  • Kalurahan Nglipar,
  • Kalurahan Sigerung,
  • Kalurahan Katongan
  • Kalurahan Natah,
  • Kalurahan Kedungpoh,
  • Kalurahan Gedangan,
  • Kalurahan Mertelu,
  • Kalurahan Ngalang,
  • Kalurahan Pengkol,
  • Kalurahan Kedungkeris,
  • Kalurahan Tegalrejo lan
  • Kalurahan watugajah

 

Dadi miturut paugeran kasebut, Kalurahan Mertelu terang lan terwaca wus katetepake minangka kalurahan nomor 56, kabawah dening Onderdhistrik Nglipar.

          Miturut crita-crita kang sumebar ing tlatah Mertelu, nalika gedhung kantor lurah   Mertelu dibukak, akeh panemu kang ditemokake. Iki amarga bukti sing ditemokake ing Mertelu ora bisa dilacak kanthi jelas. Wiwit awal pemerintahan Kalurahan Mertelu, nalika lurah dadi lurah sepisanan. Bab iki adhedhasar sistem pemerintahan desa ing wilayah Ngayogyakarta. Aturan desa diumumake dening Paku Alam VIII marang Kadipaten Adikarta sing dadi desa. Banjur Sri Sultan Hamengkubuwono X wiwit taun 1912 ngumumake babagan desa kasebut.  Asal-usul Desa Mertelu iku sepisanan saka Lurah

  1. Lurah 01: Lurah Sodimedjo (1916. – 1942)

Kanthi adhedhasar Rijkblad van Yogyakarta nomer 12 taun 1916, Ki Sodimedjo bisa dianggep minangka lurah pisanan ing Kalurahan Mertelu. Lan tahun 1916 saka Rijkblad van Ngayogyakarta diarani tahun lahir Kelurahan Mertelu, tanggal 17 Mei 1916, Rebo Pahing. 12 Rajab 1334 H, Jawi tahun 1846, wukune Wayang, Windu Kuntara. Ki Sodimedjo diangkat dadi lurah, nalika Bupati Gunungkidul diangkat dening RT Yudodiningrat (1914-1930) lan jumeneng nata ing Kasultanan Ngayogyakarta Sultan Hamengku Buwana VII.

Wondene para pamong desa rikala lurah Ki Sodimedjo golong-gilig nyawiji greget lan ati, supados saged mayungi dhumateng kawula warga. Lurah Sodimedja kasengkuyung dening para pamong yaiku :

  • Carik : Sastroredjo
  • JagaBaya : Iman Triyono
  • Ulu-ulu : Danu Sudaharmo
  • Kamitua : Teguh

Wondene lampahing paprentahan Kalurahan Mertelu rikala semanten ugi kasengkuyung para dhukuh yaiku:

  • Dhukuh Piji                 : Atmo Rajiman
  • Dhukuh Mertelu kulon  :Pawiro
  • Dhukuh Mertelu           :Yoso Sumarto
  • Dhukuh Mertelu Wetan : Munoto
  • Dhukuh Nggandu         : Widi Suhardjo
  • Dhukuh Krinjing           : Harto Sumarto
  • Dhukuh Batur Turu       : Singorejo Samiyo
  • Dhukuh Soka               : Wiryotani
  • Dukuh Guyangan Lor   : Wiryotani
  • Guyangan Kidul           : Yatmo Miyarso

Ki Sodimedjo mranata ing paprentahan Kalurahan Mertelu tumeka tahun 1942.

Ki Sodimedjo lan garwa sakwuse seda kasarekaken ing Pemakaman Tengah Ngembel Padukuhan Piji, Kalurahan Mertelu Kapanewon Gedangsari.

  1. Lurah 02; Lurah Sastro Redjo (1942 – 1946)

Carik Sastro Redjo kasengkakaken ingaluhur minangka Lurah Mertelu nalika tahun 1942, nglintir kalenggahane Ki Sodimedjo kang wus purnakarya, Ki Lurah Sastroredjo dilantik dening Bupati Gunungkidul KRT Joyodiningrat. Jaman semana, tahun 1940, istilah onderdistrik kaganti kawedanan.

Ki Sodimedjo mranata ing paprentahan Kalurahan Mertelu tumeka tahun 1946.

Ki Lurah Sastroredjo sakwuse seda kasarekake ana ing Pasarean Nglipar  Kapanewon Nglipar Kabupaten Gunungkidul.

  1. Lurah 03 : Lurah Wignya Samsodjo (1946 – 1990)

Awit dhawuhe KRT Tirtadiningrat Bupati Gunungkidul Wignyo Samsodjo, banjur diangkat dadi Kepala Lurah Mertelu kaping telu nglintir keprabon Lurah Sastroredja kang wus purnakarya/pensiun. Ki Wignyo Samsodjo nata kalurahan Mertelu wiwit taun 1946–1990. Ki Wignyo Samsodjo, dilantik dening Bupati Gunungkidul KRT Tirtadiningrat ing tahun 1946.

Ki Wignyo Samsodjo purna karya tahun 1990. Mula iku Lurah Mertelu  lowong, mila supaya lakune paprentahan, panjenengane Bapak K Broto Armojo(carik Kalurahan Mertelu) ditugasi ngembani lakune paprentahan Kalurahan Merteluminangka Pelaksana tugas (Plt) suwene telung tahun (1990-1993)

Ki Lurah Wignyo Samsodjo sakwuse seda kasarekake ana ing Pasarean Ngembel Tengah  Padukuhan Piji, Kelurahan Mertelu Kapanewon Gedangsari Kabupaten Gunungkidul

  1. Lurah K. Broto Atmodjo PLt (1990 – 1993)

Lurah Wignyo Samsodjowus purnakarya diganti Bapak K. Broto Atmodjo minangka pelaksana tugas ( Plt) Sadurunge, K. Broto Atmodjo nglenggahi jabatan carik, terus kapiji dadi Pejabat lurah ing Mertelu. K. Broto Atmodjo minangka Pltlurah, dipun lantik dening Bupati Gunungkidul KRT Suryodiningrat lan jabat 3 tahun (1990- 1993). pada tahun 1993 dilaksanakan pemilihan lurah desa Mertelu.

  1. Lurah 04; Lurah Mudjikan (1993 – 2012)

Kapisanan ing tahun 1994, pemilihan kepala desa dianakake kanthi cara pemilihan langsung. Pak Mudjikan minangka calon lurah kapilih langsung saka rakyat Kalurahan Mertelu, Pak Mudjikan menang ana pemilihan Lurah Desa (Pilurdes). Mudjikan banjur diangkat dadi kepala Mertelu kanthi diangkat  lan dilantik Bupati kepala Daerah Kabupaten Gunungkidul, KRT Harsodiningrat.

Bapak Mudjikan purna karya Tahun 2012, Kalurahan Mertelu lowong. Ing tahun 2012 terus ngaanaake pilihan Kepala Desa kanthi calon kepala desa BapakTugiman, kang kapilih dadiKepala Desai ng Mertelu, Kepala Desa Mudjikanngembani ing di Desa Mertelu suwene 10 tahun lan mungkasi masa jabatanerikala tahun 2012.

Kepala desa Mertelu Bapak Mudjikan sakwuse seda kasarekake ana ing Pasarean Bulak Muniran  Padukuhan Piji, Kelurahan Mertelu Kapanewon Gedangsari Kabupaten Gunungkidul

  1. Lurah 05; Lurah Tugiman (2012 – 2018)

Bapak Tugiman dilantik dening Bupati Gunungkidul Bapak Suharto, SH. Tahun 2012 lan dadi Kepala Desasak pereode njabat wiwit tahun 2012-2018

Ing tahun 2018, Kepala Desa Tugiman wis rampung tugase. Nanging sakdurunge gawean ing desa Mertelu rampung, Lurah Tugiman didhawuhi nganakake pilihan lurah desa ing Mertelu

  1. Lurah 06: Lurah Sukirno (2018 – sakniki)

Bapak Sukirno dilantik dening Bupati Gunungkidul Ibu Hj Badingah, S.Sos. panjenenganipun dados lurah dumugi sakniki.

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar